Senin, 23 Agustus 2010

puisi jawa


Iki Getihe Sopo :tulodho kangge arek Suroboyo heladallah, abang mranang iki getihe sopo mblambang-mblambang ndek gegere tretek waja tretek sing ireng meles, koya murup dadi abang mbranang gondo amis ilang dadi gondo kembang heladalah, abang mbranang iki getihe sapa getih sing nelesi lancipe tombak, pedang lan bambu runcing yo getihe wong lanang, sing mbendung ngamuke bangsa rambut jagung kaya banteng ketaton, ajo mung getih, majuwo iki tak thukno dodoku ora bakal mundur najan kudu ajur ora bakal keplayu najan kowe manggul pluru getih abang iki kang dadi tumbal kamardekan, ya getih kang arupa kembang getih sing wis karipta awujud tugu pahlawan heladallah, iki getihe sapa getih sing muncrat saka dhadhane arek surabaya wis badhar katutup hinger bingare diskotik lan gebyare plasa getih abang iki wis kagerus dining obahe jaman uga tretek abang sing dadi saksi getire jaman saiki malah dadi tretek tuwo ompong sing ora kopen sing ono mung getih kang sepi, amarga lelabuhane wis ora diajeni

M.Asy,arie
Surabaya 10 Nopember 2009
Salah satu puisi 3 terbaik dalam festifal guritan di gedung cak durasim Desember 2009